Pitung Taun Cakcakane* ISO 9001: 2008 nang SMK Panca Bhakti Banjarnegara

(Banjarnegara Berbahasa Jawa /Kemis Minggu terakhir)  

Dina kemis iki, tanggal 28 Mei 2015 ana sekolah sing bisa dejenengi pareban karo ”simbahe” SMK nang wilayah Kabupaten Banjarnegara yekuwe SMK Panca Bhakti Banjarnegara uwis 7 tahun kasil nyandang sertifikat ISO 9001: 2008 sekang PT.TUV Jerman kanti nglewati paugeran sing dijenengi Audit Eksternal sekang PT.TUV.
Dewiwiti sekang dibentuke Tim Steering Committee sing sering dearani QMR (Quality Management Representative), tanggal 5 Juli 2008 pitung taun kepungkur. Tim iki digawe kanggo ngurusi lan ngrancang babagan kelengkapane sistem manajemen mutu (SMM) sing pas karo kahanan sekolah. Sing ana nang sekolah delibataken Kabeh yakuwe guru lan karyawan. Tim iki ngrancang rencana kahanan siki lan keprige ngemben- ngembene. Rencana kuwe sing dejenengi Sasaran Mutu. Tim iki dipangarepi dening Bapak M. Usman Fauzi,SAg lan Ketua Unit Kerja (KUK) sing dadi mesin keprige mlakune lan ngarahna carane bigen nang sekolahan ana perubahan lewih apik. Tujuan mau kanggo nglancarna lan nggampangna mlakune sistem manajemen mutu (SMM) ISO 9001: 2008. Rong tahun sepisan aturan mau dicek/dicocokna nyimpang apa pas/dilakoni dadi standar.


Mbangun Kesepakatan
Le grengseng kanggo mbangun sistem manajemen mutu ora ana kanggone nek ora nglakoni apa- apa sing wis disepakati. Sistem manajemen mutu kanti dasar ISO 9001: 2008 ngisyarataken yen komitmen manajemen kuwe wujud babagan sing utama lan banget pentinge. Manajemen mau nduweni tanggungjawab ngrancang lan nggawe kebijakan nentokaken apa sing dituju lan ngukur, uga mbiji lan ngawasi sistem mau. Sedurunge mutusna nganggo sistem manajemen mutu iki sekolah wis nganakna workshop lan latihan karo ngenalna nggo nyiapna SMM ISO 9001: 2008 kanti suasana sing nyenengna lan ora mboseni. Suasana kaye kuwe penting nggo ndadekna tekad bareng mbangun kesepakatan kanggo:  
a. Lewih paham lan ndalemi sistem manajemen mutu (SMM) kanti dasar sing desyaratna karo ISO 9001:         2008 lan ngenalna meng kabeh guru, karyawan.
b. Nglakokna sing temenanan tatanan kuwe mau (SMM) nang kabeh guru lan karyawan


Cakcakane sistem manajemen mutu
Pelatihan sing diwehna kanti bertahap meng kabeh warga sekolah sekang kepala sekolah, guru lan karyawan tujuane supayane padha paham lan nambah nglelmu  babagan Sistem Manajemen Mutu(SMM). SMM sebenere keprige carane nyenengna pelanggan, melune kabeh warga, kepemimpinan, nyelesaikan masalah kanti proses, perbaikan sing terus- menerus, hubungan sing ndemena lan dikelolane arsip/ surat- surat kanti apik.
Nang nembe mlakune  sistem manajemen mutu iki krasane kaye abot mbangeti, selain anyar, nembe akeh surat- surat sing durung digawe, nembe gedug tahapan nglengkapi surat- surat. Masalah iki wajar mbanget diibaratna kaye balita sing lagi latihan mlaku. Seuwise mlaku pirang- pirang wulan diawali karo launching (ngumumna), ndendeni surat- surat sing horong pas karo alur proses (dipasna karo SOP). Akhire nang awal wulan juli 2009, PT TUV sekang Negara Jerman sing kawugan nilai lan ngecek diterapnane SMM ISO 9001: 2008 nyatakna SMK Panca Bhakti Banjarnegara uwis lulus lan nyandang sertifikat SMM ISO 9001: 2008. wis pitung taun seprene.
Penghargaan iki kanggo wujude diakonine nang ndonya (internasional) kabeh tahapan sing dilakokna karo SMK Panca Bhakti. yekuwe diterapnane lan diapikine sistem manajemen sing memenuhi syarat standar internasional. Deakuwine SMK Panca Bhakti nang ndonya internasional karo diwenehnane sertifikat kuwe mau sebenere nembe langkah awal perjuangan, kanggo lewih giat maning tumprape ningkatna kerja, sebabe eseh akeh sing perlu diurus, isih dawa, lan kebak tantangan.
Pengajen maning sekang PT. TUV Jerman sewise mlaku 6 tahun kepungkur, yakuwe diperiksa wis mlaku temenan apa ora, tatanane sesuai kare sing digadekna apa ora, kegiatan kuwe diarani surveillance. Sekang hasil mau ditemokna antarane surat- surat sing ora efektif, alur kerja sing ora efisien lan prosedur- prosedur kerja sing ora operasional. Ditemoknane kekurangan- kekurangan lan orapase mau nggugah maning jajaran manajemen kanggo negesna maning kesepakatan/ komitmene kanggo nerapna lan memelihara sistem manajemen mutu kanti dasar syarat standar ISO 9001: 2008.
Ditegasnane komitmen mau dedi energi anyar kanggo nglaksanakna tugas sesuai karo tatanan kerja, tugas pokok lan fungsi. Mbangun kesepakatan mau horong cukup sebabe kudu di contoni kanti nyata/ gamblang, konsisten nang prilaku sedinane. Kepala Sekolah lan jajarane kudu ngewehi conto sing nyata kanti terjun langung, aktif nang cakcakane sistem manajemen mutu, kanti taat azas, dadine muncul kahanan kerja sing dirindukan yakuwe ”kondusif dan apresiatif”. Sugeng rawuh wonten pitung taun SMM ISO 9001: 2008 SMK Panca Bhakti Banjarnegara.

*Implementasi

Sarastiana



Comments

Post a Comment